A+

6/recent/ticker-posts

POJOK SURINAME

RABI MANEH

Pemikiranipun piyantun Mesir, Ibu Nawall el Sadawi. Jaman sapunika nggih jaman sapunika, mboten saged dipun padhak-aken (disamakan) kaliyan jaman rumiyin..... mosok sapunika jaman internet kok dipun padhak-aken kaliyan jaman tiyang numpak kuldi (jalaran mboten wonten tumpakan)... ...

Ono evolusi bab kelonan. Paribasan mangan, jaman kuno mangan iku kebutuhan supoyo urip. Jaman saiki mangan, kejobo kanggóné wong kesrakat, wés kalebu kanggó seneng2. Semónó ugo bab kelonan. Jaman mbiyèn kelonan kanggó ngrembakakké keturunan. Jaman saiki, kelonan iku mèmper karó mangan, kanggó seneng2. Cóbo tak aturi nggatèkké proses evolusi kelonan koyo ngisor iki.

Sawijining survai ditayangké BBC. Ono gendók rupané lan ðeðegé biasa2 wae ðidawuhi menyang kampus nggódani poro mohoséswo. Nèk ketemu mohoséswo si gendók takon bloko suto : kówé ngeloni aku gelem óra? Jawabané biso kito bedèk : mèh kabèh gelem ;-). Ono dó-ré-mi séng óra gelem néng alesané maton upamané lagi ujian. Miturót ahliné jaréné prio2 iku nggémbol insting warisan jaman pórbo yoiku karepé arep ngrembakakké keturunan sak akèh2é. Ðaði angger ono wong waðon méng arep ngencuki waé. Insting iki nganti saiki iséh ono.

Kesimpulan (a) : wong lanang iku dasaré poligini
Survai banjór ðiwalék. Sawijinéng priyo mudo ðidawuhi nyegati poro mohosiswi lan bloko suto takon : kówé nèk tak keloni gelem óra? Naðyan iki survai éng Eropah, mohosiswi2 iku nampék kabèh.
Óra ono séng gelem siji2o. Jaréné jalaran wanito iku ngadepi resikó meteng; mulo óra wani kelonan sak kepénaké déwé.

Kesimpulan (b) : wong waðon iku gelem ðikeloni angger séng ngeloni ngayomi dèwèké lan anaké. Ðaði selér yo gelem angger kayoman. Poligini dèk jaman éng uni iku lumrah.

Hanangéng, ono evolusi kawiwitan naliko ðitemokké piranti2 kontrasepsi. Panemon iki marakké evolusi kelonan. Sawijinéng survai nakoni wong2 waðon éng Eropah. Wong2 iku ðitakoni : wés kelonan karó wong lanang piro waé? Wanito2 iku ngaku antarané péng 3-5. Séng survai maiðo, óra nganðel lan dugo wong2 iku goroh. Survai ðibalèni, saiki séng ðisurvai ðikalungi poligraf, priranti ndeteksi goroh. Saiki asilé survai ówah, luwéh akèh. Ono séng mauné ngaku kelonan karo limang prio saiki kepekso bloko suto wés kelonan karó wong wolu!

Wanito2 mau banjór ðidedes : ngopo kok goroh? Kewetu : lha pripón to, jaman modern sakniki teséh onten prio2 kolot éngkang gadah pemanggéh yèn wanito2 niku kelonan kaliyan kathah prio klebet tiyang njijiki. Lhó, lha nèk ngónó wong2 lanang séng poligini njijiki? Aa njijiki?

Ono menèh séng mangsuli memelas : Lha pripón, tiyang2 jaler niku pancèn biangané. Angger kulo gadah tepangan mesthi entèk2ané méng ajeng ngencuki kulo. Pripón cobi? Nèk mboten kulo turuti, njók mboten purón marani kulo maléh. Jiaaaaaaaan, .... Séng survai takon, ndedes : njók kowé ðrirabi óra? Jawab : mboten ;-(

Kesimpulan (c) : jalaran resikó meteng wés ilang, wong2 waðon luwéh kenðel. Wani kelonan karó sopo waé séng ðidemeni.

Survai (d). Wanito2 ðidawuhi miléh prio2 séng ðipéngini. Jebulané séng ðipéngini béðo2 gemantóng siklusé. Nèk pas ovulasi utowo nedeng2é birahi utowo fase `teles' wong2 wéðok iku kepénginé ðikeloni prio2 macho. Koyo Bambang Tri, Antonio Banderas, Beckham, lll. Sak liyané kuwi selerané ówah miturót preferensiné. Mbalah ono séng muni nèk prio2 macho kuwi nggilani.

Kesimpulan (d) : séng kepéngin kelonan saliyané karó séng kuwi2 ðuðu móng wong lanang thok. Wong2 waðon yo kepéngén lan wani!

Wasono : lanang waðon podo waé : poligamis (kancané kelon akèh). Nèk poligini (konco kelon waðon akèh) ðipekólèhké kuðuné poliandri (konco kelon lanang) ugo ðipekólèhké. Nèk poliandri óra ðitrimo, konsekuensiné poligini kuðu ðitampék.

(Jangan Protes, ini bahasa dan tulisan ejaan jawa yang berkembang di Suriname)

Posting Komentar

0 Komentar