A+

6/recent/ticker-posts

2010: Momentum Silaturrahim dan Mengenali Kerabat

2010 is TUWEN TITEN YEAR MOVEMENT

Sakderengipun panjenengan sami maos serat kawula ing ngandhap, kawula nyuwun sagunging sih pangaksami amargi nyerat kanthi basa jawa ngoko ingkang kirang trapsila dene panjenengan sedaya para priyayi ingkang kedah kawula entuti eh ajeni.

Luwih saka sewu SMS utawa layang cekak kudu tak busek saka telpon cangking amarga ana tulisane your inbox is full, erase all? cara jawane kira-kira grobokmu wis kebak, busek kabeh?

Aku milih erase all kanthi mejet yes [nggih] ing telpon cangking, kira-kira sakuntara wektu, kabeh layang cekak mau wis entek resik lan telpun cangkingku krasa luwih kepenak dipejet-pejet kanggo sms-kirimkiriman layang cekak lan twitteran utawa mbacot-mbacotan nyarumuwus.

Wingi bengi aku melu ndamu slompret tanggap yuswa [ulang tahun] lan tahun anyar rongewu sepuluh kang sinebut kanthi cara inggris: TUWENTITEN.

Tuwen Titen iku sakjane basa jawa. kira-kira artine mangkene.
Tuwen iku saka tembung tuwi kang nduweni arti niliki kang wong arab nyebut silaturrahim, lan Titen nduwe arti bisa mangerteni utawa bisa niteni. Dadi, tahun 2010 utawa Twentiten iki duwe panemu lan nggawa pesen dadi taun kanggo silaturrahim kareben saben wong utamane bocah nom-noman bisa niteni sapa bae sedulure kang wis padha sumebar ing nuswantara kang endah edi peni lan uga nduweni para punggawa njelehi iki.

Posting Komentar

0 Komentar