Lan angin wengi ngeterke sepi
Ana swara lirih saka njero ati
Nyebut asmamu, Pak RW H Muhammad Rosyid ingkang kinurmatan
Panjenengan dudu namung pangarsa
Nanging uga rama kang sabar lan welas
Nuntun warga kanthi ati ikhlas
Ngayomi, mbiyantu, ora ana pamrih kasat mata
Kebon Pala eling wewayangan panjenengan
Nalika banjir, panjenengan rawuh paling ngarep
Nalika warga butuh pangan lan pangarep
Panjenengan paring solusi tanpa kendhat
Gandrung panjenengan marang ngaji lan jamaah
Suarane adhem, ngajari adab lan amanah
Saking pos ronda nganti masjid makmur
Panjenengan tulada, dudu mung omong tur mumur
Saiki panjenengan wis pamit
Minggu Legi, 8 Juni, ing RSUD Simo
Jam telu luwih, alon roh panjenengan melaku
Nuli dipunantar ngantos taruno kusumo
Nanging warisan panjenengan ora sirna
Tegese dudu emas lan arta
Nanging becik budi, luhur pekerti
Kang tinulis ing ati warga sedaya
Saking Dwi Lestiyowati, garwo setya
Lan anak-anak panjenengan kang unggul agama
Khansa, Khalifatul, Shafar, Ibahim lan Musthafa
Bukti panjenengan ngasta amanah keluarga
Dumateng Gusti, kita nyuwun pangapuranipun
Mugi panjenengan kaparingan panggenan ing swarga
Dalem jannah ingkang linuwih kabagyan
Amin, amin, ya Rabbal ‘Alamin
2 Komentar
SEMOGA HUSNUL KHOTIMAH, ORANG BAIK
BalasHapusSmg almarhum Husnul Khotimah..Aamiin
BalasHapus