A+

6/recent/ticker-posts

Le, Ndhuk, Lebaran Pulang Ya...


LAYANG KANGGO ANAK-ANAKKU


Ndhuk...  Le...
Bakda iki kowe mulih ya....
Aku karo bapakmu wis suwe  kangen...

Ndhuk...  Le...
Putuku saiki wis isa ngapa?...
Wingi kowe ngirim potone liwat hapene tangga mburi omah...
Lemu ya...
Pipine kaya bakpau..
Cilikanmu kae ya kaya kuwi...

Aku pengin nggendhong anakmu Le...
Pengin tak ajak mlaku neng dalan ndesa...
Ben wong ngerti, anak putuku ya mulih...
Ben wong ngerti yen anakku ora mung ngirim duwit thok, ning gelem niliki wong tuwane...
Senadyan keadaane ya mung kaya ngene

Lee...  Ndhuk...
Kowe suk bakda mulih-o...
Tak dolke wedhus nggo sangu kowe yen balik neng perantauanmu...
Gedhang satundun  neng mburi omah kena nggo gawe kolak suk bakda...

Le... Ndhuk...
Aku pengin masakke kupat kowe...
Mbelih pitik nggo putuku...
Bakda rong tahun iki, aku mung isa nyawang kupat neng meja Le...
Mung tangga-tangga cedhak sing gelem ngicipi...
Aku ya arep nggoreng rengginang senenganmu

Ndhuk...  Le...
Aku pengin dolanan neng latar karo anakmu sing gedhe...
Jagongan karo kowe neng emper omah...
Jagongan karo mantuku...
Mung pingin ngomong karo mantuku,  matur nuwun wis njogo anakku,  ngopeni putuku...

Ndhuk...  Le...
Kangen tarwih karo kowe...
Mbiyen, pas kowe cilik, tak gendhong mangkat nyang masjid...
Kowe seneng nek entuk jaburan criping...
Bagiyanku dak wenehke kowe karo adhimu...

Ndhuk... Le...
Malem takbiran, aku pengin nguripke oncor neng ngarep omah karo kowe...
Ndelok putu-putuku nguripke kembang api karo gegojegan...

Le... Ndhuk...
Bakda mulih ya...
Sadurunge Gusti Kang Murbeng Dumadi mundhut wong tuwamu iki...

Le...  Ndhuk...
Mulih ya....



Posting Komentar

0 Komentar