A+

6/recent/ticker-posts

PENGADHUH - ASMARANDAHA

Pengadhuh
Asmarandana.


Yen lara-laraning ati,
Aja digawe nalongsa,
Nalongsa tan na gunane,
Nontona Gangsir gesangnya,
Gangsir urip prasaja,
Ora susah ora getun,
Lahir urip mung saderma.

Apa ngibarate Gangsir,
Duk gesang neng alam ndonya,
Nglairken endok anake,
Sawusnya tiganya ana,
gangsir nggadhang amrih gesang,
Edhog netes sampun-sampun,
Babon lega manahira.

Sawusnya dungkaping wanci,
Anak gedhe sungkap yuswa,
Babon rila ing patine,
Cinakot uga tineda,
Dening nak-anakira,
Iku mangka tandhanipun,
Babon Gangsing suka bingah.

Musna lampus babon gangsir,
Anak-anaknya wis ngreda,
Nengga ing mangsa sangane,
Anak gangsir saya ngreda,
Gya ngentir kung swaranya,
Wimbuh endah wanci dalu,
Swaranira agung munya.

Kuwi ngibarating urip,
Kewan kang lugu prasaja,
Urip rila wombuh katon,
urip mono mung saderma,
nut kasane Hyang Taya,
namung ta bentenipun,
janma wenang murba ndonya.

Lamun lara jerit-jerit,
Lamun sinengguh wong songar,
Ati ngrocal bengo-bengok,
Sok umuk rumangsa isa,
Ning durung sa rumangsa,
Iku umum watakipun,
Manungsa aneng bawana.

Tan prabeda kang anulis,
Sok sombong ing kala mangsa,
Songar ati tan winelar,
Sinendhu lara atine,
Kabeh mau mung sarana,
Dha eling ingelingan,
Dadya srana amrih rukun,
Gela cuwa paribasan.

Sandhangan urip puniki,
Seneng bungah urip mulya,
Padhang peteng upamane,
Yen tuk padhang lega tyasnya,
Yen cuwa ngundhamana,
Yen kesenggol muni wagu,
Saya saru wagu ngegla.

Tutuping atur wak mami,
Sedah wilis awor sata,
Miwah apu upmane,
Jenang gula aja lena,
Sur kulon kekinangan,
Lali lai kanton lamun,
Apuranta awak ingwang.

(saka Mbah Dul, Ngayogyakarta)

Posting Komentar

0 Komentar