A+

6/recent/ticker-posts

Kenya Jawa Njoget Ing Tanggap Yuswa Kaping 25 Pasar Balaikota Farino New Caledonia

Dinten menika, Senin (Meredi), kalihwelas Desember (12/12) tanggap yuswanipun pasar Balaikota Farino ingkang kaping selangkung (25), Farino menika kitha alit ing New Caledonia sisih kidul. Kados ing tanggap yuswa tahun-tahun kepengker, dinten menika ugi dipun pengeti kanthi nanggap maneka warni kesenian kados seni tiyang Wallis (Kanaky), ugi kesenian Jawi. New Caledonia panggenanipun wonten ing tlatah benua sub-melanesia, sakwetanipun Australia, kalebet tlatah Pasifik. Ing mriki, panggenanipun tiyang Jawi micara basa Perancis. Kagem Ibu Ghislaine Arlie (Walikota Farino), mugi2 tansah karahayon anggenipun ngayahi jejibahan mandegani kitha Farino. Ugi kagem sedaya staf ing Konjen RI mugi tansah diparingi kuwarasan, wonten Pak Ade, Bu Sulastri, Pak Suyoto, ugi Mbak Rukiyah ingkang njoget megal-megol ngagem sampur kuning, lan sedaya ingkang mboten kasebat ing mriki. Mboten kesupen, salam takzim kagem sesepuh Jawi ing New Caledonia Mbah Sa'an Ngadimin.

Posting Komentar

0 Komentar